“Isuk poro penumpang”
Engkok lek motomu pedhes, opo kupingmu kroso kophok’en, ndang untal’en permen’e yo..
Engkok ben slamet, tulung delok’en iki , yak opo carane masang sabuk
Yok opo ngancinge ben gak coplok, ben kenceng, trus yok opo carane nyoplok..
Klambi plampung ono ndhek ngisor kursimu, ojok mbok nggo disek, enten’ono Pakdhe Kapiten ngekek’i woro2..
Iku ojok mbok pindah2, opo maneh mbok gowo muleh, opo mbok gawe adah uyuh.. timbang tak pancal ndhiasmu ngarep mburi.. ngerti gak ?!
Iko nggo klambi plampung’e, lebokno lewat tholok, kancing’en sabuk’e nok ngarep, ojok kekencengen, engkok bingung gak isok ambegan malah matek ngrepoti koncone…
Iku isok mbok sebul, sing penting ababmu gak mambu bathang tekos…
Ben isok ngambang ndhek mbanyu, tarik’en penthil2an werno abang mbranang jambu bol iku.
Eling’o, tariken dhek njobo psawat, ngkok gak isok metu nek ndhok njero… mlembung gede jehhh, lawange gak sedeng, msti nyantol’e…
Nek arep metu tekan pesawat, antri yo, baris koyok sowang2an,
holopis kuntul baris, diikk…
Nek ambegan’e wis mulai angel, iku masker oksigen logor dewe tekok nduwur’e ndhasmu, kop warna kuning2 iko nggon’en wong sitok, sitok ae.. ojok rebutan, ngisin2i…
Kertu petunjuk darurat ono ndhek sak kursi ngarepmu,woco’en tapi gak usah diapalno, ngkok mbledosh mbun2anmu…
Ngono sek yaaa pakdhe, mbokdhe, paklek, bulek, cak, ning, tole, wuk…
ojok prengesan, ojok pcicilan, opo maneh smpe mentelengi pupune jejermu, timbang tak souaduk gingsulmu..
Oiyooo…
Nek ape moco2 pencet’en petekan nok nduwurmu, iku nggo nguripno lampu
Ngerti gak ?? Lak gk ngrti semprong’en sentolop ae wocoan’e, ok tel..
Jun 12, 2012 @ 07:34:32
iki jelas sing dadi kapiten’e wonokairun…
Jun 12, 2012 @ 11:32:12
Mari ngono kapiten e trus ngucap / woro2 / halo-halo:
Pramugari/pramugara pesawat ate lepas landas
Age cepet2 mapan nang dingklik mu.
Ora usah guyon ndak atik pangkon2 an lanang wadon, panggonane jembar lungguh dewe2 ae, cuk… :devil:
Jun 13, 2012 @ 02:16:26
wkwkkwkwk
jyancukk…….
Jun 13, 2012 @ 14:28:15
iyo tel
Jun 14, 2012 @ 10:43:36
omonganmu lo………
Jun 14, 2012 @ 12:36:23
pramugari lulusan jtv iki. cangkemmu iso ae cuk.
sik aku tak ngguyu maneh, wha.. ha.. ha
Jun 18, 2012 @ 20:21:53
jalok di sampluki danganan uyoh